P a n g k u r
1. Mingkar mingkuring angkara, akarana karenan mardi siwi, Sina-wung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ngelmu luhung, kang tumraping tanah Jawa, Agama ageming aji.
Keterangan
:
Awit dening sengsem
paring piwulang dhateng para putra ingkang nganggit serat Wedhatama kersa mengkeraken
angkara murka. Pangang-gitipun mawi kasekaraken murih saged anarik sengsemipun
ingkang maos.
Serat Wedhatama isi
piwulang lahir batos. Pamujinipun ingkang nganggit paparingipun piwulang
ingkang sampun rinengga tuwin tinata punika saged tumanem ing manah sarta
angrembaka.
Wulang kawruh ingkang
luhur punika wonten dayanipun. Piwulang punika laras kalihan dasaripun tiyang
Jawi manawi kaudi, saestu nenuntun dhateng watak “ K a p a n g e r a n a n ”.
Makna
- Maksud :
*
Mingkar mingkuring angkara = mengkeraken angkara murka.
*
A k a r a n a = amargi.
*
K a r e n a n = seneng.
*
M a r d i s i w i = mulang putra.
*
S i n a w u n g = sinarengan.
*
Resmining kidung = rasaning tembang.
*
Sinuba sinukarta = dipun luhuraken tuwin
rinengga.
*
Mrih kretarta = murih angrembaka
(tumrap raosing manah).
*
Pakartining ngelmu luhung = tumanem kawruh Kasukman
(tumrap raosing manah).
*
P a k a r t i n i n
g =
pandameling = dayaning.
*
Ing tanah Jawa = tumrap raos ing
jiwa = ati.
*
A g a m a = agemane sukma
(jiwa).
*
A j i = Ratu = Gusti =
Pangeran = Tuhan = Jiwaning manungsa.
*
S i n u k a r t a = dipun suraosaken.
2.
Jinejer
neng Wedhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi, mangka nadyan tuwa pikun,
yen tan mikani rasa, yekti sepi asepa lir sepah samun, samangsane pakumpulan,
gonyak-ganyuk ngleling-semi.
Keterangan
:
Piwulang punika
kapacak ing serat Wedhatama. Perlunipun supados tlatos (boten kemba)
pangudinipun, malah saged ngenyami ing raosipun ngagesang punika nadyan sampun
sepuh raganipun, manawi dereng saged ngraosaken kasukman, kaumpamekaken taksih suwung,
jer isinipun namung angen-angen kaliyan hawa nepsu.
Manawi pakempalan
sarta lajeng angginem kebatosan. Punika ngatawisi manawi sayektosipun taksih
suwung (bodho). Kadosta wor-suhipun laguning swaranipun, polatan, tandang
tandukipun lsp amra-cihnani bilih sayektosipun dereng angraosaken dhateng ‘Raos Kasuk-man’. Dados taksih wonten
ing pamikir tuwin pangraos.
Makna
- Maksud :
*
J i n e j e r = kapacak = s i n e r a t.
*
W e d h a = pepakem =
wewaton.
*
Wedhatama = wewaton utami.
*
Mrih tan kemba = supados boten kemba pangudinipun.
*
Kembenganing pambudi = pangregeming piwulang.
*
Nadyan tuwa pikun = sanadyan tiyang sepuh.
*
P i k u n = gampil kesupen.
*
Tan mikani rasa = boten saged ngraosaken
kasukman (raos sejati).
*
S e
p i = suwung (sepen ing
pangertosan).
*
S e
p a = boten gadhah raos kebatosan.
*
Lir sepah samun = sepaham ingkang boten wonten
raosipun.
*
Pasamuwan = kekempalan =
sarasehan.
*
Gonyak-ganyuk = seling serep =
salah panampi = salawana.
*
Nglelingsemi = adamel isin
(lingsem).
3. Nggugu karsaning priyangga, ora nganggo peparah lamun angling, lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun ing samudana, sesadon ing ngadu manis.
Keterangan
:
Tiyang
ingkang taksih makaten, nadyan angginema babagan kaalusan (kebatosan) boten
mawi dugi pamrayogi, boten mawang dhateng ingkang dipun ajak gineman, boten
ngengeti dhateng paedahipun utawi tumanjanipun. Dados namung ambujeng
pamareme piyambak. Terkadang namung ngetingalaken kapinteranipun, rumaosipun sampun
mumpuni, pangangkahipun sampun ngantos kawastanan bodho. Boten ngrumaosi bilih
sajatosipun aleman. Ananging tiyang ingkang sampun saged ngraos-aken saestu,
mawi gineman kaliyan tiyang ingkang makaten lajeng trimah ngawon, boten mbantah
utawi mabeni. Pramila makaten awit piyambak-ipun sampun saged nyrampat utawi awas
ing semu. Kamanah tanpa damel upami dipun bantaha. Malah-malah kabodoaning
sanes wau dipun aling-alingi murih boten damel lingsem. Anggenipun ngaling-alingi
sarana tembung manis sarta nyenengaken kanthi ulat sumeh. Dados boten pisan-pisan
ketawis nyaru utawi nyendu.
Makna
- Maksud :
Bujeng
pamaremipun piyambak, marem sebab anginten, piyam-bakipun dipun wastani tiyang
mangertos.
* P e p a r a h =
dedugi prayogi = reringa = empan papan.
* A n g l i n g =
ngendika.
* Guru aleman = butuh
dialembana.
* Waspada
ing semu = saged nyrapat dateng tiyang ingkang saged
ngraosaken tuwin ingkang dereng, kewis wonten ing rerakitaning tembung, ginem
(tata utawi worsuh) makaten ugi wonten ing lagu swara, sajakan, semuning ulat, solahipun,
punapa dene tampen-tinampenipun semu, ingkang minangka wewayanganing raos kasukman.
Kaumpamekaken tiyang nyenggaki utawi nggerongi gendhing saged kacihna bilih saged
ngraosaken ing NGES, tuwin wirama punapa dereng.
* S i n a m u n =
dialing-alingi.
* S a m u d a n a =
rewa-rewa cocog sarta seneng.
* Sesadon
ingadu manis = ingkang gineman kalian ingkang dipun jak gineman
sami ngetingalaken senenging manah anggenipun memitran tuwin kekancan angrembag
babagan kaalusan. Utaminipun manawi sampun mengker boten lajeng nggegujeng,
ngawoni punapa dene ngraosi.
4.
Si pengung
nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandar-andar angendukur, kandane
nora kaprah, Saya elok alangka long-kanganipun, Si wasis waskitha ngalah,
ngalingi marang si pingging.
Keterangan :
Sarehne makaten ing
ngriku tiyang ingkang rumaos pinter wau, boten ngrumaosi bilih dipun
aling-alingi kebodoanipun, pramila lajeng sangsaya andadra anggenipun gineman,
ngantos sangsaya kathah lan warni-warni nanging boten mlebet dhateng raos, boten
patitis, worsuh, tuna dungkap anggenipun angecapi. Saking mempenge, prasasat
boten kenging dipun selani ginemanipun. Ingkang kaginem elok-elok ingkang
kakinten ndadosaken gumuning ingkang mireng. Dene ingkang sampun mangertos
saestu, sarehne sampun waskitha (saged nyrapat) lajeng ngawon.
Liripun ‘ngawon’ ing
ngriki boten damel cuwaning tiyang ingkang gineman kathah-kathah wau, malah ngetingalaken
senengipun nampi piwulang. Manawi wonten klenta-klentunipun ingkang gineman,
ing lahir tuwin batos paring pangapunten. Mandar sasaged-saged manawi wonten
ingkang klentu lajeng kasamun murih katingala leres.
Makna - Maksud :
*
P e n g u n g = b a l i l u = b o d h o.
*
N g l e g e w
a = nggraita = rumaos.
*
Ngandar-andar = kathah-kathah.
*
Kandane ora
kaprah = ingkang kaginem boten runtut
kalayan lampahipun pangudi.
*
L o
n g k a = m o k a l.
*
P i n g g i n
g = b o d h o.
5.
Mangkana
ngelmu kang nyata, sanyatane mung weh reseping ati, bungah ingaran cubluk,
sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan
sadina-dina, aja mang-kono wong urip.
Keterangan :
Tiyang ingkang
ngelmunipun nyata (anggayuh dhateng kasunyatan) wontenipun namung welas asih
sarta adamel seneng dhateng tiyang
sanes, babar pisan boten niat damel seserik, punapa dene ngunggul-unggulaken
badanipun. Senajan badanipun dipun ina utawi kawastanan tiyang cubluk, inggih
boten gadhah manah serik. Dene ingkang taksih suwung, sarehning ingkang karaosaken
namung ubaling angen-angen kalayan hawa nepsu, temahan lajeng
dados tiyang ugungan. Lire ugungan makaten, boten namung ateges “onggrongan”
kemawon, nanging tansah nguja dhateng hawa nepsunipun, ndarusi ingkang dados pakaremanipun.
Dados ingkang dipun ugung angen-angenipun kaliyan napsunipun.
Temahan nuwuhaken watak gumedhe tuwin melikan. Ing riku ingkang
nganggit serat Wedha-tama paring pepenget: “ngagesang sampun ngantos makaten”.
Awit ingkang makaten punika kapitunan ingkang sakalangkung ageng. Gesangipun
dados risak, kendih dening pakartining angen-angen lan hawa napsu”.
Makna
- Maksud :
* Ngelmu
kang nyata = tiyang ingkang ngelmunipun sampun
dados.
* A n g g u n g
= t a n s a h .
* Gumunggung
= kumedah-kedah dipun uja ( angen-angenipun tuwin napsunipun ).
* Sadina-dina =
salawase urip.
6.
Uripe sapisan
rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadita guwa kang sirung, sinerang
ing maruta, Gumarenggeng anggereng ang-gung gumrunggung, pindha padane si mudha,
prandene paksa kumaki.
Keterangan :
Manawi rinaos saestu, tiyang ingkang makaten punika saestunipun
gesangipun memelas. Sukmanipun kados kakurung ing guwa kang peteng. Tegesipun,
peteng tumrap kasunyatan, amargi boten ulah nalar lan boten masesa hawa napsu.
Petenge nalar katarik gagasanipun pating saluwir. Upami badanipun wadhag
minangka guwa, petenge nalaripun kaumpa-mekaken guwa. Salebete
guwa suwarane g u m r u n g g u n g utawi u m y u n g, amargi kaserang gegeter saking jawi.
Amargi lawange guwa taksih menga, (pancen driya nampeni gegeter saking alam
lingkungan). Gumrunggung swara salebeting guwa inggih punika umyanging gagasan
mawarni-warni, nadyan umyung wau boten kapireng ing karna, nanging sajatosipun
umyung ingkang sakalangkung sanget. Dados tiyang ingkang gesangipun risak = nalaripun
boten mulur, gagasanipun ting saluwir, sukmanipun kakurung ing pepeteng ingkang
swaranipun umyung. Sukma ingkang taksih ringkih, kapindakaken sukma taksih enem,
ingkang dereng saged masesa angen-angen tuwin napsunipun. Angen-angenipun boten purun kawasesa malah ambeg
kumratu-ratu (kumingsun).
Makna - Maksud :
Tiyang ingkang nguja ubaling angen-angen lan hawa napsu,
gesangipun wonten ing alam donya sepisan punika manggih kapitunan, boten pikantuk
mulure nalar malah gagasanipun ngambra-ambra (boten ENING lan ENGET dhateng
gesangipun).
*
S i r u n g = s i n g u p = p e t e n g.
*
Sinerang ing maruta = katempuh ing angin, lire boten mepeti panca indriya.
*
P i n d h a = kaumpamekaken.
*
M u d h a = a n e m.
7.
Kikisane mung
sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsane aluhur, lah ya ingkang
rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atine tata krama, nggon anggon
agama suci.
Keterangan :
Kalimrahipun para nem-neman ingkang ambek gumunggung punika
ngendel-endelaken, dupeh para luhuripun sami linangkung kadosta: Rama ibu,
Eyang buyut, Guru lsp, punapa dene nabinipun. Inggih sanadyan yektosa pisan
bilih pepundenipun punika bangkit tur bangsane ngaluhur, nanging paedahipun
punapa tumrap piyambakipun, manawi piyambakipun boten saged nglampahi kados leluhuripun
wau. Para leluhur Jawi saestunipun kathah ingkang mumpuni dhateng “kawruh
kasukman”, sarta angregem (anggayuh) dhateng kasusilan batos. Upaminipun raos bekti tuwin panalangsa dhateng Pangeran,
tansah ngawasaken dhateng awon saenipun tumindak salebeting batosipun piyambak.
Makaten punika ingkang nama sajatosing kasusilan. Ananging tumrap para anem ingkang gumunggung dereng paja-paja
anggayuh dhateng sajatosing kasusilan (kasusilan
batos). Sampun malih nggayuh, srawung kemawon dereng. Dene
katitikipun manawi dereng srawungan dhateng sajatosing tata krami, inggih
punika anggenipun gumunggung. Ing mangka raosipun tiyang ingkang gumunggung
boten panggih-pinanggih kaliyan atining tata krami (kasusilan batos). Menggah
atining tata krami punika agem-agemane para luhur, ugi ingkang kawulangaken
agama suci.
Makna - Maksud :
*
Kikisane mung sapala = andel-andelipun namung remeh kemawon.
*
P a l a y u n
e = tog-togane.
*
Ngendelake yayah wibi = namung sumende dhateng leluhuripun ingkang dipun sungkemi
(piyambakipun dereng nyata, malah memper kemawon dereng, amargi dereng sakedik-kedika
dhateng sajatosing kasusilan. Ingkang nama sasrawungan kaliyan atine tata krama
inggih punika: sampun angenyami dhateng “ROSING RAOS“ sadaya dumados, inggih punika raosing Kasucian ingkang
murni, ingkang boten kaworan ing angen-angen lan hawa nepsu. Ingkang nama angen-angening
agama suci punika: “anggenipun anggung enget dhateng raosing kasucianing batos
sampun dipun kenyami“.
8.
Socane
jiwangga nira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul,
sumengah sesongaran, yen mengkana kena ingaran katungkul, karem ing reh
kaprawiran, nora enak iku kaki.
Makna - Maksud :
* S
o c a = c i r i = c a c a d.
*
J i w a n g g
a = jiwa raga.
* S
u m e n g a h = gumedhe.
* S
e s o n g a r a n =
mameraken kaluwihanipun.
* K
e t u n g k u l = seneng =
karem = kerem.
* Karem ing reh kaprawiran = jubriya, ngegungaken sarira, temah-an ngetingalaken
kaluwihanipun.
Keterangan :
Cacading wewatek tiyang punika saged katitik
wonten ing netya pasemon, solah, ginem laguning swara, lsp. Punika pratanda bilih
ing jiwangganipun taksih wonten ciri (cacad), lajeng dados panitikan bilih
dereng srawung (ngraosaken sajatosing kasusilan). Panitikipun bilih dereng
nyarawung ing atining tata krami, inggih punika: remen bantah, lumuh kasoran. Ingkang dasar gadhah
kalangkungan inggih ngatingalaken kalangkung-anipun, kadosta: kawaspadanipun, kasektenipun
tuwin sanesipun bangsane daya alus. Ingkang makaten punika sajatosipun malah
kosok wangsul kaliyan kasusilan dhateng Pangeran (bekti), jer ing ngriku
angen-angenipun sajak madeg dados Pangeran, mangerani jagadipun, dupeh mengkoni
pancadriyanipun. Ing ngriku lajeng angen-angen ngaku Pangeran (ing pewayangan
kagambar bathara Guru). Kamareman ingkang makaten punika boten mitadosi, boten damel
katentreman ingkang langgeng. Tumrapipun ingkang bekti dhateng kasunyatan,
inggih boten sekeca (ora enak). Pramila boten sekeca (boten andayani
katentreman) awit punika namung ngelmu karang.
9. Kekerane ngelmu karang,
kekarangan saking bangsa gaib, iku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung
sajabaning daging kulup, yen kapengkok ing pancabaya, ubayane balenjani.
Makna - Maksud :
* K
e k e r a n = s o r o n g a
n.
* Ngelmu
karang = ngelmu sihir.
* Kekarangan = dapukan = rakitan.
* G
a i b = ingkang boten
kasat mripat.
* Kapengkok ing pancabaya = manggih pakewet dadakan.
* Ubayane balenjani = dayane cabar (ora kena dipercaya).
Keterangan :
Pramila boten sekeca (boten andayani dhateng
katentreman) awit punika namung ngelmu karang (ngelmu sorogan) menggah
kadigdayan-ipun, kanuragan, sapanunggalanipun, punika soroganipun utawi underan-ipun
rerangken saking daya alus. Dapukan saking kekiyatan bangsa alus sanesipun
kekiyatan ingkang makaten punika boten saged langgeng, kenging
kaumpamekaken namung kados boreh. Boreh
punika namung sajabaning kulit. Liripun ngelmu punika boten andayani kasantosan
langgeng. Pramila boten mitadosi, boten antawis lami saged cabar. Terkadang
dipun cabaraken dening sanes, terkadang cabar dening pratingkahipun piyambak,
dening nerak angger-anggering leres (nerak paugeraning Kasucian).
10. Marma ing sabisa-bisa, babasane
muriha tyas basuki, puruhita a kang patut, lan traping angganira, ana uga
angger ugering kapra-bun, abon aboning panembah, kang kambah ing siyang ratri.
Makna - Maksud :
* M
a r m a = m u l a n e .
* Tyas
basuki = ati selamet.
* P
u r u i t a = m a g u r u
.
* Puruita kang patut = maguru rumeksaning gesang, boten
anggeguru kadigdayan, maguru matrapaken badanipun (badan pamikir, badan pangraos,
badan wadhag).
* Angger ugering kaprabun = watone sipat kapangeranan tuwin wawaton
panembahing sadaya badan dhateng Pangeran.
Keterangan :
Jalaran saking punika, ingkang perlu kaudi
punika ngelmu kawilujengan, liripun: tekadipun ngudi kaalusan punika sengsema budi
rahayu (budi = panggawe, rahayu
= kang becik = slamet). Sokur bage muji rahayu jagad. Dayaning budi rahayu
punika andamel rahayuning jiwa raga, sarta saged nyawabi tetiyang ing sakiwa
tengene. Pramila manawi sumedya puruita, inggih boten maguru kadigdayan,
nanging magurua ing angger-anggering karahayon,
murih saged rumeksa ing gesangipun. Ancasing puruita sumedya mangertos “kados pundi“
patraping badanipun (badan alus lan badan kasar tumrap jiwanipun) jiwaning
manungsa punika ingkang kedah kaenut sapangerehipun angger-anggering panembah
dhateng Gusti punika inggih wonten. Inggih angger-angger punika ing-kang kedah
kagurokaken. Manawi sampun mangertos angger-anggering gesang, lajeng kangge ing
salami-laminipun siang, dalu, enjing, sonten. Boten mawi wawatesan (boten
wonten 100 dinten, 40 dinten, semanten tahun lsp). Kados kedah satindak sapecak
bebasane pungkasane laku sareng pungkasane ambegan kita.
11. Iku kaki takokena, marang
para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa nahen hawa, wruhanira
mungguh sajatining ngelmu, tan mesthi ing janma wredha, tuwin mudha sudra kaki.
Makna - Maksud :
* Takokna = nyuwuna piwulang.
* Sarjana = tiyang terang ing budi.
* Martapi
= ngereh dhateng angen-angen
tuwin napsunipun = ulah semedi ngagengken dayanipun jiwa raga kanthi nelukaken “badan-badanipun“.
* T
a p a k = patilaran.
* T
e p a = tuladha = paseksen.
* T
u l u s = lestantun ( l a n a ).
* W r
e d h a = t u w a.
Keterangan :
Wewaton panembah dhateng Pangeran punika
ingkang perlu dipun suwunaken keteranganipun dhateng para sarjana ingkang
gentur kasutapanipun inggih
punika ingkang saged
masesa badan-badanipun (kasar, alus = lahir, batos) karuntutaken kaliyan
angger-anggering gesang. Punika ingkang netepi tapa ingkang leres, utawi tapa ingkang
boten pedot, boten mawi wangenan ingkang nyata: wonten patilasanipun lestantun.
Liring lestantun: mboten nyaleweng nuruti angen-angen gumedhe tuwin kajenge
napsu. Dados tetep kuwawi nyandet hawa napsu. Menggah tapak utawi patilasanipun
sarjana ingkang makaten ateges panitikan bilih kawruhipun sampun nyata.
Kabukti wonten ing mentesing pangandika,
rahayuning bebuden, gesanging ujwala, prasajaning solah bawa. Saening padatan
punapa dene anggenipun saged andayani karahayon tuwin kasucian dhateng weweng-konipun.
Menggah saestunipun sujanma, ingkang makaten
boten dumeh sampun sepuh raganipun. Terkadang saged ugi inggih taksih timur.
Kajawi punika, boten dupeh luhur pangkatipun, saged ugi tiyang alit ingkang
boten gadhah pangkat.
12. Sapantuk wahyuning
Ngalah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangukut,
kukutaning jiwangga, yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh sepi
hawa, awas roro neng ngatunggil.
Makna - Maksud :
*
Wahyu Allah = sihing Allah.
*
D u m i l a h = p a d h a n g.
*
Bangkit
mangulah ngelmu = baut nata
tuwin ngrakit kaalusanipun.
*
B a n g k i t m
i k a t = saged narik.
*
Bangkit reh mangukut = boten jiguh anggenipun mapanaken raos-ipun piyambak
dhateng telenging batos.
*
Kukutaning jiwangga = pangirup ing daya kekiyatan ing badan alus tuwin
badan kasar dhateng ingkang mengku.
Keterangan :
Sinten ingkang tinarbuka sanajan dereng
sepuh raganipun, sanajan tiyanga sudra, raosipun padang sarta wening, ing riku
saged kajengipun piyambak (boten sarana kawulang) dhateng patrap pangrakiting
raos pangraos dumugi ing dadosipun. Mangertos saking kajengipun piyambak
dhateng panca indriya, murih boten tumpang suh. Saged punika amargi katuntun
dening raosipun piyambak. Raosipun piyambak
ingkang nuntun wau sayektosipun daya kekiyatan saking Pangeran. Kasagedan
ingkang makaten punika anggenipun nindakaken samangsa-mangsaning nalika semedi
(tafakur).
Salebeting semedi nyupekaken raosing panca indriya, dening mandeng meleng
dhateng Pangeran (Pribadinipun) ngantos raosing
panca indriya boten wonten. Punika katembungaken “ngukut“ (boten
nyirnakaken) amargi boten kecalan panca indriya.
Liripun, panca driya namung kendel boten
makarti. Dene sababipun boten makarti amargi: dayaning GESANG ingkang suwau anggesangi
(makartekaken) panca indriya, ing wekdal punika makartekaken panca indriya,
jalaran ngempal wonten raos kasukman. Manawi daya gesang ingkang nggesangi
panca indriya sampun ngempal wonten ingkang mengkoni panca driya, angen-angen
ingkang alus. Saking ngriku kakem-palaken malih dhateng
ingkang mengku saliring raos pangraos.
Punika wau ingkang katembungaken “kukutaning jiwangga“.
Tiyang ingkang sampun saged makaten
kawastanan netepi sajatosing sepuh. Ingkang sepuh merdika jiwanipun. Tanda
yektinipun bilih jiwa-nipun sampun sepuh: inggih punika anggenipun ageng
dayanipun, saged nelukaken dayaning angen-angen, pangraos tuwin panca indriya
ical utawi pejah, nanging pakartining manut pangrehing jiwa, boten ngangge
kajeng-ipun piyambak. Tiyang ingkang sampun saged makaten saestu saged milah-milah
ing nunggil misahipun angen-angenipun kaliyan jiwanipun. Kalih werni wau
ingkang pundi ingkang nama “PIYAMBAKIPUN“. Manawi sampun terang dhateng pepilahan
kalih werni wau, liripun saged ngraosaken kanthi kaalusaning raos, saged
waspaos kanthi paningal batos, punapa dene boten jiguh dhateng pangrakit tuwin
pangukutipun, punika katembungaken “ AWAS RORONING ATUNGGIL“.
13. Tan samar pamoring suksma, sinuksmaya winahya ingasepi,
sinim-pen telenging kalbu, pambukaning warana, tarlen saking liyep layaping aluyup,
pindha pesating supena, sumusuping rahsa jati.
Makna - Maksud :
* Tan
samar = boten kalentu,
boten bingung, boten semang = ngertos terang.
* Pamoring
sukma = saged ngraosaken
kanthi cetha bilih piyam-bakipun punika sukma (boten namung panganggep).
* Sinuksmaya = binesut, sinaring.
* I
n g a s e p i = sirnaning
panggagas (pangangen-angen).
* Telenging
kalbu = telenging batos.
* Pambukaning
warana = pamiyaking tutup
(aling-aling).
* T a
r l e n = boten sanes (boten njawi).
* L i
y e p = setengah merem.
* L a
y a p = setengah enget.
* L u
y u p = salebeting supe sakedhap.
* Sumusuping
rahsa jati = manjinging
rasa jati = luluhing raos jati.
Keterangan :
Awas (boten samar) punika boten amung
tumrap pepilahipun kemawon, ugi tumrap panunggilipun. Tegesipun awas utawi boten
samar unika boten namung cethaning tingal kemawon, nanging ugi kapetang dalah
kandasing raos, punapa dene terange pangertos. Tetiga punika, “cethaning tingal,
kandasing raos, terange pangertos“, ingkang gegu-letan dados
satunggal, kawastanan “P R A M A N A“ tegesipun terang saterangipun tumrap t i n g a l, r a o s, sarta p a n g e r t o s.
Dados sujanma ingkang saged makaten inggih
sampun tamtu pramana, tumrap pepilahan kalih ing inggil wau. Sujanma ingkang
makaten boten samar (Pramana dhateng Pramananipun piyambak).
Piyambakipun lajeng ngraos dados Sang Pramana amargi sampun pramana. Ingkang makaten
punika asring katembungaken sampun nunggil kaliyan “Hyang Pramana“.
Menggah saged kaleksanan punika boten sanes, namung
bilih anggenipun semedi saged kendel sayektos. Boten namung kendelipun badan
wadag, ugi kendeling angen-angen lan napsu (boten nggagas punapa-punapa) namung
meleng (enget dhateng Gusti Allah).
Lestantun, lan boten goyang, boten katilem, sarana
pirantos ingkang kawastanan “Sholat DAIM“
ingkang ing ngajeng kawastanan abon-aboning panembah. Kang kanggo ing siyang ratri,
ingkang perlu kagu-rokaken. Pakarti ingkang makaten punika kenging kaumpamekaken
nyaring angin utawi nyaring kaalusanipun piyambak, ing salebeting sepen (sirnaning gagasan). Dados
sagedipun kawahya (kabukak cetha) punika
namung bilih sinukmaya (sinaring binesut) wonten ing mangsa kala sepen saking
rubedane angen-angen, napsuning pancadriya.
Manawi sampun saged makaten, punika sampun nama saged
nggayuh “Kawruh Kebatosan“,
tembungipun Arab “Makrifat“ teges-ipun
“Kawruh“ punika: “Angsal-angsale meruhi“. Angsal-angsalan
wau lajeng kasimpen, sarta boten badhe ical salaminipun. Wonten pundi anggenipun
nyimpen wonten telenging batos, ingkang mengku saliring raos pangraos ing jiwa
raga.
Nalika taksih wonten ing alaming angen-angen
ingkang alus punika lajeng asring priksa kaelokan warni-warni ingkang nengsemaken
sanget, wonten ingkang mbingungaken, wonten ingkang nggegirisi utawi ngu-watosi,
makaten ugi raosing manah, terkadang raos sengsem, terkadang keranta-ranta, terkadang
melas sanget dhateng raganipun, cekakipun warni-warni sanget, ingkang dayanipun
damel kaget, damel supe, tuwin damel kerem (sadaya punika sajatosipun boten
sanes inggih gegeteripun piyambak ingkang
dumados wonten ing kaalusan). Amargi saking punika sarananipun murih lestantun
(mboten cabar), punika namung kedah ngulinakaken ngresiki gagasan sarana “Sholat
Daim“ tuwin anglatih nggolongaken
cipta. Reribet ingkang kasebat ing nginggil wau sadaya, wonten ing alam
kaalusan ingkang ngaling-alingi “Pramana“. Pamiyaking aling-aling sarana, mripat setengah merem (liyep) sarta setengah enget (layap) tuwin kesupen sekedap (luyup)
kadosdene keclaping tiyang ngimpi. Menggah pedamelan ingkang makaten punika
saestunipun dede padamelaning angen-angen
utawi napsu tuwin panca driyanipun ingkang ulah semedi, nanging
sayektosipun daya pakartining jiwa ingkang sampun boten karubeda ing
rasukanipun. Angen-angen tuwin pangraos ingkang sampun alus, wau namung
nglawehi dhateng pakartining jiwa, anggenipun luyup punika raosipun mak gliyer,
supe sekedap, nanging punika supene angen-angen dening saweg kairup ing
jiwanipun, dados ing wekdal punika sanajan wonten ingkang supe, nanging wonten ingkang tansah enget, lha piyambakipun
punika ingkang supe punapa
ingkang enget ? Nyumang-gakaken.
14. Sejatine kang mangkana,
wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi, bali alaming ngasuwung, tan karem
karameyan, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula-mulanira, mulane wong
anom sami.
Makna - Maksud :
* Kang mangkana = sagedipun kaleksanan makaten.
* Wus kakenan = sampun awor = manunggal.
* Nugrahaning Hyang Widhi = Sihing Pangeran.
* Ngalaming ngasuwung = suwung ingkang mengku wonten.
* Tan karem karameyan = sirep hawa napsunipun, wening budine,
lerem panca driyane, tentrem rasane = sepen saking sakathahing kamelikan.
* Mula-mulanira = a s a l - u s u l e .
Keterangan :
Manawi ingkang semedi wau saged “pramana“
bilih piyambak-ipun punika tansah enget (boten nate supe) punika pratanda
sampun nunggil raos kaliyan ingkang mengku samudayanipun. Wataking jiwa punika
tansah nunggil kaliyan Ingkang Maha Tunggal. Kadosdene soroting
surya ingkang nyoroti satunggaling wujud. Murih wujudipun wau katingal, lajeng kaseksen
dening Ingkang Maha Tunggal, bilih
wujud wau wonten.
Dados “wonten“ punika tegesipun
ketingal utawi kraos utawi kaseksenan dening Ingkang
Esa. Sarehning makaten, piyambakipun sampun pulih jumeneng ingkang
nekseni, inggih Ingkang Maha Wonten. Inggih leres suwung nanging tegesipun
suwung saking sesulapan ingkang gumelar. Ingkang mastani suwung punika: Ingkang
Dumados, ingkang dumadosaken mastani Ana. Inggih sampun
temtu ing riku boten kara-meyan awit saliring karameyan ing jagad punika,
saking ngriku pinang-kanipun. Ingriku punika teteping kaenengan.
Kaenengan punika mengku Saliring ebah-ebahan. Angen-angen
ingkang masesa jagadipun sampun kawisesa. Tegesipun sampun kawengku sarta
kedepan (kesorotan).
Ingkang sipat wisesa punika inggih daya
kekiyataning angen-angen luhur
ugi ingkang kasebat Sukma utawi Hyang Wisesa.
Punika anggenipun misesa jagad saisen-isenipun (jagade dhiri pribadi) tansah kedayan dening Pangeran.
Sarehning makaten mobah molahipun, manut pangerehing
Pangeran (manut raos ingkang resik) wasana mahanani wilujenging gesangipun ing
lahir lan batos. Makaten punika perlu katulad ing sasaged-sagedipun dening para
anem, murih saged rumeksa ing gesangipun.