Kamis, 15 April 2010

Dongeng Entik-Entik

Purwanira sakawit met dongengipun
Dariji tukaran
Lawan kadange pribadi
Purwanira panuduh jahil manabda


Entik-entik patenana si panunggul
Gek dosane apa
Dosane ngungkul-ungkuli
Dhi aja dhi malati sedulur tuwa

Bener-bener enak seger rasanipun
Mangkono prayoga
Aja jahil lan jinahil 
Seduluran rukun agawe santosa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Wedhatama Winardi

P a n g k u r 1.        Mingkar mingkuring angkara, akarana karenan mardi siwi, Sina-wung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kr...