Kamis, 15 April 2010

Sangkan Paraning Manungsa

“Kawruhana dununge wong urip, lamun mbenjang amanggih palastra, wong mati nyang ndi parane, upama peksi mabur mlesat saking kurungan niki, upama wong sesanjan ing mbenjang mesti mantuk, poma dipun kawruhana lamun sira ing tembe tume-keng pati, ja lena sangkan paran”.

Kaya mangkono ujare wong tuwa jaman biyen bakal ndak terangake sawiji-wiji kaya ing ngisor iki.

a. Kawruhana dununge wong urip.

Kabeh wong pada ngakoni yen urip, nanging akeh kang ora ngerti dununge urip. Nanging lamun ngertiya diarani kufur, dene yen ora ngerti diarani kafir. Kufur tegese sam-purna, lan kafir tegese kapiran, nanging ora kapiran olehe golek sandang pangan. Mung kapiran ora ngerti karo sing nguripi. Tegese ora gelem wawuh ( kenal ) karo sing Gawe Urip. Mangka sing nguripi (Gusti Allah) tresna banget marang kawulane. Ya berbudi bawa leksana, ya Murah, ya Asih, ya Adil, ya Suci mulane Maha Kuwasa, hara..! Ana ing ngendi dununge urip ? Golekana ing rasamu dewe.

b. Lamun benjang manggih palastra.

Yen besuk tekaning janji ( yen bali menyang jaman ke-langgengan ). Upama ora weruh saiki, apa weruh besuk? Dimokalake banget wong isih urip ora weruh, kok yen mati bakal weruh? Sedeng awake dirubung wong akeh wis ora weruh jawane, didusi, dibuntel, dipikul, dipendem wis ora weruh. Ya apa ora? rasakna dewe.

c. Wong mati menyang endi parane.

Lha ! tembung iki sing mandes banget. Tembung iki sing gawat banget. Katrangan ing ngarep kaya-kaya ya wis dak terangake, yen wong mati iku sing mati ragane. Dene ragane sarehning asal saka lemah, ya bali menyang lemah (kuburan). Raga iku sedulur kang nomer 4. (Aluamah), Tunggale 1. Mutmainah, 2. Amarah, 3. Supiyah lan sing nguripi Gusti Allah parane menyang ngendi ? Golekana menyang P a n a- r a g a delengen karo rasamu dewe.

d. Upama peksi mabur mlesat saking kurungane.

Manungsa diumpamakake manuk kang miber, ucul saka kurungan. Katrangane mangkene. Sing dak terangake iki ka-beh kasunyatan. Para maos ora sumelang maneh, sing ora wani nerangake mung bab gaib. Ing ngarep wis dak aturake yen malati. Manuk iku asale saka kayu, lan manuke manuk apa. Sing disenengi manuk iku kayu apa. Upamane manuk perkutut. Manuk perkutut kang wis-wis, kang disenengi kayu nangka, kayu pelem lan liyane. Tegese, sarehning manuk iku asale saka kayu ya bali menyang kayu. Tegese sanajan kewan, ya ngerti asale, asal saka kayu ( wit-witan ) ya bali menyang wit-witan, ora bakal bali menyang gerdu, mangkene saban-jure. Kaya sejene manuk kang ndak kandakake iki, yaiku manuk blekok ( kuntul ). Kuntul mau kulina turu ana ing wit asem, utawa kayu liyane kang gede-gede mapan ing desa A. Yen wayah esuk olehe golek panggonan menyang desa B. Ing wusana bareng ing wayah sore ya bali menyang desa A mau, lan turune uga ora gelem ngalih saka kayu kang dituroni saben dinane mau.

Lho..! Mengkene sedulur yen kersa niteni, ingatase sato kewan ngerti marang sangkan parane kaya manuk kang ndak aturake mau. Mangka desa B iku jarake ana limang kilo meter ( 5 km ) kok perlu temen bali menyang desa A. Apa ing kono apa ora ana kayu kang gede? Mestine ya ana! Nanging deweke ngrumangsani yen duwe omah ana ing desa A lan ugo ora asal saka desa B. Aja aku kang jeneng manungsa, yen nganti ora ngertiya menyang sangkan parane manungsa, ya kego-long nggumunake. Malah jeneng kapir.

e. Upama wong sanja, ing benjing mesti mantuk .

Manungsa ing ngalam donya iki, dianggep wong sanja, yen wis warek olehe sanja, ya bakal mantuk. Ora beda kaya manuk mau, yen wong kang sanja mau omahe ing desa C, apa iya bakal bali menyang desa D ? Kiraku ya ora. Yen bali menyang desa liya rak kleru. Mula saka iku wong urip kang kudu disumurupi, besok baline menyang jaman kalang-gengan. Yen bisa aja nganti kleru ( aja nganti kesasar ). Mangkene para maos kahanane wong urip.

Bab Wong Bali Menyang Jaman Kalanggengan.

Panuwunku marang para maos, yen wis maos buku mung kari ngudi marang gaib, ya iku Barang Samar. Sigeg.

Satemene mangkene, manungsa kang wis putus kawruhe, wis ora kesamaran kang bakal patine, amarga wis pada kang-gonan lan wis pada ngawuningani sangkan paran. Apa ta sababe wong mati iku kok mung di slameti kang entek entekan mung 1000 dina? kok ora banjur 1100-1500 dina? Amarga sejatine, kang diarani wong kang sampurna kawruhe, ya iku batin lahir wis mengku kahanan Jati. Ya wis ngerti menyang sangkan paraning awal lan akhir. Bakal baline me-nyang jaman wiwitan, kurang 1000 dina wis ngerti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Wedhatama Winardi

P a n g k u r 1.        Mingkar mingkuring angkara, akarana karenan mardi siwi, Sina-wung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kr...