Sabtu, 26 April 2014

Idayat Jati



Bismillahi’rrahmani'rrahiem

Ing saderengipun wonten punapa-punapa, ingkang wonten rumiyin punika: “ALLAH”, dumunung salebetipun Nukat Ghaib, ajejuluk “KUN”. Inggih punika “DAT” sejati. “NUKAT” tegesipun: “Wiji”.
“Ghaib” tegesipun: “samar”. Dados Nukat Ghaib wau wiji ingkang samar, sinebut: “NUR MUHAMMAD”, inggih cahya ingkang padang gumilang tanpa wayangan, winastan “SIFAT” sejati.
“KUN” lajengipun: “FAYAKUN”.
“KUN tegesipun “PANGANDIKA ALLAH”, pangandika sapisan kangge salaminipun. Inggih punika “ASMA” sejati.
“FAYAKUN”: tegesipun: dados gumelar salaminipun. Inggih punika: “APNGAL” sejati.
Sadaya wau dados winihing dumadi sinebut: “Anasir” sejati.
Dados Allah wau kagungan utawi dados anasir sekawan inggih punika: DAT, SIPAT, ASMA, APNGAL wau punika: dados abuning roh, inggih baboning dumadi.
Nukat ghaib, sareng kataman pangandikaning Allah, lajeng geter.
Gumetering Nukat Ghaib lajeng angawontenaken: ROH ILAPI, inggih punika cahya wening, mancur, mancorong.
Pepadang ingkang kaping kalih sinebut: ROH SEJATI, dados wewayanganing Dat Sejati.
Roh Ilafi inggih gumeter. Gumetering Roh Ilafi angawontenaken cahya mancawarni. Inggih punika: cahya ijem (ijo), petak (putih), jene (kuning), abrit (abang), cemeng (ireng).
Cahya mancawarni wau inggih tansah anggeter. Getering cahya mancawarni dados saranduning jasad, kasar alus, awahana dados raga kita punika, satemah saged mobah mosik, sarta asabawa muna-muni.
Muna” punika ungeling batos. “Muni” ungeling lesan.
Dene wejanganipun, ingkang kawejangaken dhumateng para thalabul ngelmi, anurut wejanganipun para Wali Wolu lajeng kakempalaken dados satunggal. Wiji mendet kekiyasaning dalil pangandika Allah, kados ing-kang kasebut ing dalem kadis, pangandikaning Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah dhateng Sayidina Ali, dados wolung pangkat: kapratelakaken kados ing ngandap punika.

 II
No. 1. Wisikan Ananing Dat.

Sejatine ora ana apa-apa, awit duk taksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin (disik) iku “INGSUN”, ora ana Pangeran amung INGSUN, sejatining Dat Kang Maha Suci, anglimputi ing SIPAT-INGSUN, anartani ing APNGAL-INGSUN.
III
No. 2. Wedaran Wahananing Dat.

Sejatine INGSUN DAT kang murba misesa, kang kuwasa anitahake sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing Kodrat-INGSUN. Ing kono wus kanyatahan pratandaning Apngal-INGSUN. Kang dhingin INGSUN anitahake…..KAYU aran SAJARATULYAKIN, tumuwuh ana sajroning Alam Adam Makdum Ajali Abadi: nuli Cahya aran Nur Muhammad; nuli Kaca aran Mir Atul Kayai; nuli Nyawa aran Roh Ilafi; nuli Damar aran Kandil; nuli Sesotya aran Darah; nuli Dinding jalal aran Kijab, kang minangka warananing kalarat-INGSUN.

IV
No. 3. Gelaran Kahananing Dat.

Sejatine Manungsa iku Rahsa-NINGSUN lan INGSUN iki Rahsaning Manungsa; karana Ingsun anitahake Adam, asal saka anasir patang pra-kara: 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. Banyu.
Iku dadi kawujudaning Sifat-INGSUN. Ing kono Ingsun panjingi Mudah limang prakara: 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi. Iya iku minangka Warana-INGSUN, kang Maha Suci.

V
No. 4. Pambukaning tata malige ing dalem Betal Makmur.

Sejatine Ingsun anata malige ana sajeroning Betal makmur: iku omah enggoning parameyan-Ingsun, jumeneng ana ing Sirahing Adam Kang ana sajeroning sirah iku Dimak iya iku Utak; kang ana antaraning Utak iku Manik; sajeroning Manik iku Budi; sajeroning Budi iku Napsu; saje-roning Napsu iku Sukma; Sajeroning Sukma iku Rahsa; sajeroning Rahsa iku INGSUN. Ora ana Pangeran anging (kajaba) INGSUN, Dat kang anglimputi ing Kahanan Jati.  

VI
No. 5. Pambukaning tata malige ing dalem Betal Mukaram.

Sejatine Ingsun anata malige ing dalem Betal Mukaram. Iku omah enggoning lelarangan-INGSUN, jumeneng ana Dadaning Adam. Kang ana sajeroning dada iku Ati; kang ana antaraning Ati iku Jantung; sajeroning Jantung iku Budi; sajeroning Budi iku Jinem, iya iku Angen-angen; sajeroning Angen-angen iku Suksma; sajeroning Suksma iku Rahsa; sajeroning Rahsa iku INGSUN. Ora ana Pangeran anging INGSUN, Dat kang anglimputi ing Kahanan Jati.
VII
No. 6. Pambukaning tata malige ing dalem Betal Mukadas.

Sejatine Ingsun anata malige ing dalem Betal Mukadas. Iku omah enggoning pasucen-INGSUN, jumeneng ana ing kontholing Adam. Kang ana sajeroning Konthol iku Pringsilan; kang ana sajeroning Pringsilan iku Nutpah, iya iku Mani; sajeroning Mani iku Madi; sajeroning Madi iku Wadi; sajeroning Wadi iku Manikem; sajeroning Manikem iku Rahsa; sajeroning Rahsa iku INGSUN. Ora ana Pangeran anging INGSUN, DAT kang anglimputi ing Kahanan Jati, jumeneng Nukat Ghaib, tumurun dadi Johar Awal; ing kono ananing alam Akadiyat, alam Arwah, alam Waki-diyat, alam Misal, alam Ajsam, alam Insan Kamil. Dadining Manungsa kang sampurna, iya iku sejatine sipat-INGSUN.

VIII
No. 7. Panetep iman, inggih punika: ingkang dados santosaning iman.

Ingsun anekseni: satuhune ora ana Pangeran anging INGSUN. Lan anekseni Ingsun: satuhune Muhammad iku Utusan INGSUN.

IX
No. 8. Sasahidan

INGSUN anekseni ing DAT-INGSUN dhewe: satuhune ora ana Pangeran, anging INGSUN. Lan anekseni Ingsun: satuhune Muhammad iku utusan-INGSUN; Rasul iku Rasa-Ningsun; Muhammad iku Cahya-Ningsun. Iya INGSUN kang urip tan kena ing pati; iya INGSUN kang eling tan kena ing lali; iya INGSUN kang langgeng tan kena ing rusak, tetep tan owah gingsir ing Kahanan Jati. Iya INGSUN kang waskitha: ora kasamaran ing sawiji-wiji. Iya INGSUN kang amurba amisesa, kang ka-wasa, wicaksana, ora kekurangan ing pangerti, byar padhang terawangan, ora krasa apa-apa ora ana katon apa-apa, amung INGSUN anglimputi ing alam kabeh kalawan Kodrat-INGSUN.

X
Wiridan angka kalih.
Ingkang sampun mawi murad maksudipun pisan.

Punika babaring wirid, ingkang mawi murad saha maksudipun pisan, ngiras minangka bebukaning Idayat ingkang dados pitedahan dununging ngelmi makripat sadaya; wiyosipun saking Dalil, Kadis, Ijmak, Kiyas.
*      Tegesing Dalil: anedahaken pangandikaning Allah.
*      Tegesing Kadis: anyariyosaken wewulanging Rasullullah.
*      Tegesing Ijmak: angempalaken wewejangipun para wali.
*      Tegesing Kiyas inggih punika: putusaning pamanggih ingkang sampun dipun mupakati dening para Imam sekawan:
1.    Imam Safie’i
2.    Imam Hambali
3.    Imam Hanafi
4.    Imam Maliki  
Sadaya punika sami dados pambukaning kekeran ingkang medaraken rahsa ghaibing ngagesang, supados waskitha ing gesangipun, lestantuna gesang ing awal-akhir benjing dumugining janji sageda sampurna sangkan paranipun, sampun ngantos dumawah ing alam penasaran.
Menggah ingkang dados wijining ngelmi makrifat, miturut kekiyasan saking Kadis pangandikanipun Kanjeng Nabi Muhammad, ingkang kawe-jangaken dhateng Sayidina Ali, kinen angestokaken ananing DAT, kados ingkang kasebut ing Dalil sapisan saking pangandikaning Pangeran kang Maha Suci, kawisikaken ing talingan kiwa, kados ing ngandap punika:
Menggah ingkang ngandika: “Iya INGSUN sejatining DAT kang Ma-ha Suci”-punika inggih GESANG kita pribadi, sayekti katitipan RAH-SANING DAT kang agung Anglimputi ing Sipat,…punika inggih RUPA kita pribadi, sayekti kawimbuhan Rahsaning DAT kang elok. Anartani Asma, punika inggih NAMA kita pribadi, sayekti kaaken sesebutaning DAT kang wisesa, amratandani Apngal, punika inggih SOLAH BAWA kita pribadi, sayekti anelakaken pakartining DAT kang sampurna. Mila bebasanipun: wahananing DAT punika anyawadi SIPAT-SIPAT punika anartani ASMA-ASMA punika amratandani APNGAL-APNGAL punika dados warananing Dat.
Dene DAT anggenipun anyamadi SIPAT punika upami kadi madu lawan manisipun, yekti boten kenging yen kabedakna.
Dene ASMA, anggenipun amertandani APNGAL, punika upami kadi paesan, ingkang ngilo lan wewayanganipun, yekti saulah bawanipun ing-kang angilo, wewayangan wau anut kemawon.
Dene APNGAL anggenipun dados wahananing DAT punika, upami kadi samodra lawan ombakipun, yekti wahananing ombak anut sak rehing samodra.
Dados sejatosing ingkang anama MUHAMMAD punika Tajalining DAT, inggih wahananing Cahya ingkang anglimputi ing jasad, dumunung wonten GESANG kita; inggih ingkang gesang piyambak, boten wonten ingkang anggesangi. Mila kuwasa aningali, amiyarsa, angganda, angan-dika, angraosaken saliring rahsa, punika saking KODRAT-ing DAT kita sadaya. Tegesipun makaten: DAT ing PANGERAN Kang Maha Suci pu-nika, anggenipun aningali amung angagem Netra kita; anggenipun miyarsa ngagem Talingan kita; anggenipun angganda ngagem Grana kita; anggenipun angandika ngagem Lesan kita; anggenipun angraosaken saliring rahsa, ugi ngagem Pangraos kita. Sampun mawi uwas sumelang ing galih sabab: wahananing WAHYU DZATMIKA sampun kasarira; tegesipun lahir batining ALLAH punika sampun dumunung wonten GESANG kita pribadi.
Mila bebasanipun:……sepuh DAT-ing manungsa katimbang SIPAT-ing Allah. Awit dadosing DAT punika khadim ajali abadi; tegesipun: rumuhun piyambak, kala taksih awang-uwung salaminipun ing kahanan kita; dadosing sipat punika khudusu’alam tegesipun anyar, wonten ing alam donya. Ananging sami tarik-tinarik, tetep-tinetepan; samukawis ing-kang nama DAT, punika sayekti dumunung wonten ing SIPAT; saka-liripun ingkang nama SIPAT punika sayekti kadunungan DAT sadaya.
Dene menggah urut-urutanipun dumadining DAT SIPAT punika, wonten wahananipun, kasebut ing dalil kaping kalih, saking pangandi-kanipun Pangeran Ingkang Maha Suci, makaten jarwanipun:
Sejatine Ingsun DAT kang murba amisesa, kang kuwasa anitahake ing sawiji-wiji, dadi padha sanalika sampurna, saka ing Kodrat-Ingsun. Ing kono wis kanyatanan lan pratanda Apngal-Ingsun, minangka bebu-kaning Iradat-Ingsun. Kang dhingin Ingsun anitahake Khayu, aran Sajara-tulyakin, tumuwuh ana sajeroning Alam Adammakdum ajali abadi. Nuli CAHYA aran Nur Muhammad. Nuli KACA aran Miratulkaya’i nuli NYAWA aran Roh Ilafi, nuli DAMAR aran Kandil. Nuli SESOTYA aran Darah. Nuli DINDING JALAL aran Kijab, kang minangka warananing kalarat-Ingsun. Menggah dunungipun makaten:
SAJARATULYAKIN tumuwuh ing salebeting alam Adammakdum ajali abadi, tegesipun: kajeng sejati, dumunung ing jagad Sunyaruri, tak-sih awang-uwung salaminipun ing kahanan kita, punika hakekating Dat kang mesthi rumuhun piyambak, inggih punika Dat-ing Atma, inggih GESANG sejati: dados wahananing alam Akhadiyat.
NUR MUHAMMAD, tegesipun: Cahya Pinuji. Kacariyos ing Kadis: warninipun kados peksi merak wonten ing dalem sesotya kang pethak, dumunung ing arah-arah ing Sajaratulyakin. Punika hakekating Cahya ingkang ingaken Tajalining DAT, wonten salebeting Nukat Ghaib, minangka sipating Atma dados wahananing alam Wahdat.
MIRATULKAYA’I, tegesipun: Kaca wirangi, dumunung wonten sangajenging Nur Muhammad. Punika hakekating Pramana, ingkang ingaken Rahsaning DAT, minangka Asmaning Atma, dados wahananing alam Wakhidiyat.
ROH ILAFI, tegesipun: Nyawa ingkang wening, kacariyos ing Ka-dis: asal saking Nur Muhammad punika Hakekating Suksma, ingkang ingaken kahananing DAT, minangka Apngaling Atma, dados wahananing alam Arwah.
KANDIL, tegesipun: dilah tanpa latu. Kacariyos ing Kadis: awarni sesotya ingkang mancur mancorong gumantung tanpa cantelan. Ingriku kahanan Nur Muhammad sarta enggen pakempalaning Roh sadaya. Punika hakekating angen-angen, ingkang ingaken wewayanganing DAT, minang-ka embaning Atma, dados wahananing alam Misal.
DARAH, tegesipun: sesotya, kacariyos ing Kadis: adarbe sorot man-ca warni, sami kanggenan Malaikat. Punika hakekating Budi, ingkang ingaken paesaning DAT, minangka wiwaraning Atma, dados wahananing alam Ajsam.
KIJAB, winastan Dinding Jalal tegesipun: warana kang agung. Kacariyos ing Kadis: medal saking sesotya ingkang manca warni. Ing nalika mosik anganakaken: uruh, kukus, toya punika hakekating jasad, minangka sesadaning Atma, dados wahananing alam Insankamil.

XI
Pratelan saking Ijmak Kiyas. Pepangkating dinding jalal.

Menggah pratelanipun saking Ijmak Kiyas, pepangkating dinding jalal, ingkang awarni uruh, kukus, teja wau, sami dados nigang warana ingkang kasebut ing ngandap punika:
a.    Ingkang rumiyin: Uruh, ngedalaken tigang pangkat:
1.    Kijab Kisma, dados jasad ing jawi, kadosta kulit, daging sapa-nunggilanipun.
2.    Kijab Rukmi, dados wahananing jasad ing lebet, kadosta utek, manah, manik, jantung sapanunggilanipun.
3.    Kijab Retna, dados wahananing jasad ingkang lembat, kadosta: mani, erah, sungsum sapanunggilanipun.
b.    Ingkang kaping kalih: Kukus, ngedalaken tigang pangkat:
1.    Kijab pepeteng, dados wahananing napas sapanunggilanipun.
2.    Kijab guntur, dados wahananing pancadriya.
3.    Kijab latu, wahananing napsu.
c.    Ingkang kaping tiga: Toya ugi ngedalaken tigang pangkat:
1.    Kijab BUN TOYA GESANG, dados kahananing SUKMA.
2.    Kijab NUR RASA, dados kahananing RAHSA.
3.    Kijab NUR CAHYA ingkang sakalangkung padang dados kaha-naning ATMA.
Sedaya  punika  warananing  DAT,  sama  dumunung  wonten  ing  I n s a n k a m i l, tegesipun  k a s a m p u r n a n i n g  Manungsa.
Sampun uwas sumelang ing galih, sabab: kahananing uwot siratal-mustakim, suwarga, naraka, bumi, langit saisen-isenipun sadaya, punika sampun kawengku wonten salebeting warana, sinamadan dening DAT kita ingkang maha agung, gumelar dados kaelokaning SIPAT kita kang esa anartani ing purbaning ASMA kita kang wisesa, amratandani ing kuwa-saning APNGAL kita kang sampurna. Pratelanipun kados ing ngandap punika:
Ing nalika ingkang Maha Suci karsa mujudaken SIPAT-ipun winas-tan ADAM, saking sekawan prakawis: 1. Siti, 2. Latu, 3. Angin, 4. Toya, punika kahananipun kasebut ing dalil ingkang kaping tiga, saking pangandikaning Pangeran ingkang Maha Suci, makaten jarwanipun:
Sejatine Manungsa iku RASANINGSUN, lan ……INGSUN IKI rasaning Manungsa karana Ingsun anitahake Adam asal saka ing anasir patang prkara: 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin 4. Banyu, iku dadi kawu-judaning sipat INGSUN. Ing kono Ingsun panjingi mudah limang prakara:  I. Nur = Cahya, II. Rasa = Rahsa, III. Roh = Nyawa, IV. Napsu = Hawa, V. Akal = Budi, iya iku wahananing WAJAH INGSUN KANG MAHA SUCI. Menggah dunungipun makaten:
MUDAH punika Dat-ing kawula. WAJAH punika Dat-ing GUSTI kang sipat langgeng. Kacariyos ing Kadis, panjinging mudah gangsal prakawis wau, wiwit saking embun-embunan, kendel wonten ing utek, lajeng tumurun dhateng netra, lajeng tumurun dhateng karna, lajeng tumurun dhateng grana, lajeng tumurun dhateng lesan, lajeng tumurun dhateng jaja, lajeng sumarambah dhateng jasad sadaya, jangkepipun da-dos Insankamil. Makaten punika kawimbuhan saking karsanipun Ingkang Maha Suci, anggenipun anjumenengaken maligening DAT, ingkang katata wonten ing Bait’ullah dados tigang kahanan, kados ingkang kasebut ing nginggil punika sajatosipun minangka kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandakaken kalarating DAT ingkang agung, kang Maha Mulya, langgeng boten kenging ewah gingsir saking Kahanan jati.

XII
Para wali wolu ingkang karsa mejang ngelmi
makrifat ing jaman Demak

Punika warahing Idayat Jati, ingkang anedahaken dununging pang-katipun ngelmi makrifat, wejangan saking para wali ing tanah Jawi. Sasedanipun Kanjeng Susuhunan ing Ngampeldenta sami karsa ambuka wiridan ingkang dados wijining wewejanganipun suraosing ngelmi kasampurnan piyambak-piyambak.
Wiyosipun inggih punika asal saking: Dalil, Kadis, Ijmak, Kiyas, kados ingkang sampun kasebut wonten salabeting wirid sadaya. Menggah pepangkatipun satunggal-tunggal kapratelakaken ing ngandap punika:
Ingkang rumiyin: saangkatan kala jaman awalipun nagari Demak, para wali ingkang karsa memejang amung wolu:
1.      Kanjeng Sunan ing Giri kadaton, wejanganipun wisikan ananing DAT.
2.      Kanjeng Sunan ing Tandes, wejanganipun: wedaran ananing DAT.
3.      Kanjeng Sunan ing Majagung, wejanganipun gelaran kahananing DAT.
4.      Kanjeng Sunan ing Bonang, wejanganipun pambukaning tata malige ing Betalmakmur.
5.      Kanjeng Sunan ing Muryapada, wejanganipun: pambukaning tata malige ing dalem Betalmuharam.
6.      Kanjeng Sunan ing Kalinyamat, wejanganipun: pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas.
7.      Kanjeng Sunan ing Gunungjati, wejanganipun: santosaning iman.
8.      Kanjeng Sunan ing ing Kajenar, wejanganipun: sasahidan.

XIII
Para Wali ingkang karsa mejang ngelmi ing akhiripun jaman Demak.

Ingkang kaping kalih, ing saangkatan malih, kala jaman akhiripun ing Demak, para Wali ingkang karsa mejang inggih amung wolu:
1.      Kanjeng Sunan ing Giriparapen, wejanganipun: wisikan ananing DAT.
2.      Kanjeng Sunan ing Darajat, wejanganipun: wedaran kahananing DAT.
3.      Kanjeng Sunan ing Ngatas-angin, wedaranipun gelaran ananing DAT.
4.      Kanjeng Sunan ing Kalijaga, wejanganipun: Pambukaning tata ma-lige ing dalem Betalmakmur.
5.      Kanjeng Sunan ing Tembayat, wejanganipun: Pambukaning tata malige ing dalem Betalmuharam.
6.      Kanjeng Sunan ing Padusan, wejanganipun: Pambukaning malige ing dalem Betalmukadas.
7.      Kanjeng Sunan ing Kudus, wejanganipun: Santosaning Iman.
8.      Kanjeng Sunan Geseng, wejanganipun: Sasahidan.

Dene wejangan ingkang kasebut ing nginggil punika suraosipun inggih anunggil kemawon, margi sami wewiridan saking pamejangipun Kanjeng Susuhunan ing Ngampeldenta sedaya. Mila ing samangke kaimpun dados satunggal, supados gampila anggenipun angraosaken riwayating Dalil, Kadis, Ijmak Kiyas. Sarehne hakekatipun DATING PANGERAN kang Maha Suci punika binasakaken: sakalangkung Ghaib... tanpa warna tanpa rupa, asipat: dede jaler dede estri dede wandu, sarta: boten mawi jaman makam, boten arah boten enggen, dinulu boten kenging, boten katingal, dinumuk boten kantenan, punika isbatipun amung Cipta-sasmita dumunung ingkang waskitha. Mila wisikanipun makaten:
Sajatosipun boten wonten punapa-punapa, sakatahing Asya (sawiji-wiji) ingkang kasebut punika  d e d e  T a j a l i n i n g  Pangeran ingkang maha suci sedaya, (Inggih punika  d e d e “Ingkang Murba-misesa, kang kawasa muhung Ingsun, kang maha suci, maha mulya muhung Ingsun”).
Menggah wisikan makaten punika,  m a n a w i  d e r e n g  s a g e d  a n a m p e n i  i n g  p e n g g a l i h, mugi dipun taberi marsudi ing suraosipun.
Pangimpuning para wejangan sadaya, kados ingkang kasebut wonten warahing Idayatjati makaten:
Sajatosipun DAT INGKANG MAHA SUCI punika asipat ESA. Dipun basakaken DAT MUTELAK KADIM AJALI ABADI, tegesipun asipat SATUNGGAL kang mesthi RUMUHUN PIYAMBAK, kala taksih awang-uwung salaminipun ing KAHANAN KITA; inggih punika JUMENENG PRIBADI wonten salebeting NUKAT GHAIB ingkang sakalangkung langgeng.
Ingkang minangka warananing DAT, saha dados wahananing SIPAT, ASMA, APNGAL sadaya ing ngandap punika babaripun satunggal-tunggal:
1.    KAYU-tegesipun GESANG; dumunung sajawining DAT.
2.    NUR- tegesipun CAHYA; dumunung sajawining GESANG.
3.    SIR-tegesipun RAHSA; dumunung sajawining CAHYA.
4.    ROH-tegesipun NYAWA; dumunung sajawining RAHSA.
5.    NAPSU-tegesipun ANGKARA; dumunung sajawining SUKSMA (NYAWA).
6.    ‘AKAL-tegesipun BUDI; dumunung sajawining NAPSU.
7.    JASAD-tegesipun BADAN; dumunung sajawining BUDI.

Dene KAYU punika ingkang kapasrahan panguwasaning DAT, kinarsakaken anggesangi kahananing CAHYA, RAHSA, SUKSMA, NAPSU, BUDI, BADAN sadaya, sumarambah saking wiwitan dumugi ing wekasan. Menggah wiwijangipun kados ing ngandap punika:
   I.       Ing nalika KAYU anggesangi kahananing Rahsa: sumarambah ing Netra, wahananipun dados saged aningali. Inggih punika Paningaling DAT ngagem netra kita.
 II.      Ing nalika KAYU aanggesangi kahananing Rahsa: sumarambah ing grana, wahananipun dados saged angganda. Inggih punika Panggandaning DAT ing nalika ngagem grana kita.
III.     Ing nalika KAYU anggesangi kahananing Suksma: sumarambah ing lidah, wahananipun dados saged angandika. Inggih punika Pangandikaning DAT ing kala ngagem lesan kita.
IV.     Ing nalika KAYU anggesangi kahananing Napsu: sumarambah ing Talingan, wahananipun dados saged amiyarsa. Inggih punika Pamiyarsanipun DAT angagem Talingan kita.
 V.      Ing nalika KAYU anggesangi kahananing Jasad: sumarambah ing rah, wahananipun dados saged ambegan, lajeng nuwuhaken kuku wulu sasamanipun, inggih punika APNGALING DAT ing nalika ngagem “sa-ulah” kita. Saestu boten pae ing nalika ngagem amratandani Apngal salebeting alam: lajeng saged molahaken surya, wulan, lintang, angin sapanunggilanipun……saisen-isenipun sadaya, sami dumunung wonten ing PURBA WISESANING DAT, kados ingkang kasebut ing ngandap punika:

1.    DAT amurba: Kayu, tegesipun: DAT punika witing Gesang.
2.    KAYU amisesa: Nur, tegesipun: Gesang punika amengku Cahya.
3.    NUR amisesa: Sir, tegesipun Cahya punika amengku gesanging Rahsa.
4.    SIR amisesa: Roh, tegesipun: Rahsa punika amengku gesanging Suksma.
5.    ROH amisesa: Napsu, tegesipun: Suksma punika amengku ge-sanging Napsu.
6.    NAPSU amisesa: ‘Akal, tegesipun: Napsu punika amengku ge-sanging Budi.
7.    AKAL amisesa: jasad, tegesipun: Budi punika amengku gesang-ing badan wadhag.

Menggah wangsulanipun makaten:
1.    Jasad kawisesa dening Budi, tegesipun: ebahing badan punika kaprabawa saking osiking Budi.
2.    Budi, kawisesa dening Napsu, tegesipun: osiking Budi punika kaprabawa saking Hawa napsu.
3.    Napsu, kawisesa dening Suksma, tegesipun: hawaning Napsu punika kaprabawa saking wahananing Nyawa.
4.    Suksma, kawisesa dening Rahsa, tegesipun: wahananing Nyawa punika kaprabawa saking pramananing Rahsa.
5.    Rahsa, kawisesa dening Cahya, tegesipun: Pramananing Rahsa punika kaprabawa saking pramananing Cahya.
6.    Cahya, kawisesa dening Kayu, tegesipun: Pramananing Cahya punika kaprabawa saking kawasaning GESANG.
7.    Kayu, kapurba ing DAT, tegesipun: kawasaning GESANG punika kaprabawa saking Purba wisesaning DAT.
8.    DAT punika tanpa dunungan. Purba wisesanipun sampun wonten kanyatahaning GESANG kita pribadi. Milanipun wahananing Gesang punika tanpa wangenan kalayan ANANING DAT. Inggih “GESANG KITA” punika “DAT-ING GUSTI KANG MAHA SUCI SEJATI”. Sampun uwas sumelang ing panggalih mbok manawi kenging pambangusing pura ambarang barongan.       


XIV
Panekung: wasiyatipun Kanjeng Panembahan Senapati ing Matawis.

Dene santosaning pangesti, kayektosaken ingkang dados tandanipun, punika manawi pinesu salebeting manekung, anungku semedi, aneges karsa, amarsudi kawasa. Adat ingkang sampun kalampahan, wonten “mangunah” dhateng, kabekta ing utusan, medal saking sarira kita kang Maha Mulya, amawa tanda katingal saking PRAMANA karaos ing dalem RAHSA. Ingriku manawi katarima, ingkang cinipta: dados ingkang sinedya; wonten ingkang kinarsan dhateng………saking perbawaning Kang Kawasa. Menggah pratikelipun manawi badhe manekung, punika saking wasiyatipun Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga Mentawis, kados ing ngandap punika:
Wiwit angirangi dhahar sare, anyegah syahwat, ambirat napsu hawa ing dalem sawatawis dinten, lajeng siyam anglowong, sarta ambisu ing dalem tigang dinten tigang dalu, boten kenging ngemu sak-serik, duka-cipta. Manawi siyamipun kantun sedinten sedalu, sampun ngantos sare. Sareng ing wanci tengah dalu: siram, lajeng angagem busana ingkang sarwa suci, sarta akekonyoh ganda wida jebad wangi, adedupa majeng mangetan utawi mangilen, angajengaken keblatipun piyambak, dumugi-nipun ing wanci bangun enjing: punika wiwit tapa pejah raga, nutupi babahan hawa sanga patrapipun lenggah pitekur: jempol suku kapang-gihaken sami jempol suku, den papak polok kapanggihaken sami polok den gatuk, jengku kapanggihaken sami jengku den rapet, pajaleran sapa-landunganipun sinipata kalih kaliyan jempol suku den leres, sampun ngantos katindihan, nunten asta kalih angrangkul jengku, patrap sedakep suku tunggal, darijining asta sami antuk selaning dariji, kados anga-purancang, jempol asta den aben sami jempol asta, lajeng winawas kali pucuking grana. Nunten anata wedaling napas, anpas, tanapas, nupus, sam-pun ngantos tumpang suh kumpulipun dados satunggal, ingriku tinarik saking kiwa dumugi ing puser: kendel saantawis dangunipun; lajeng katurunaken anengen: medal ing leng grana tengen ingkang alon, sampun ngantos kasesa. Manawi sampun sareh, narik napas malih saking tengen, dugi ing puser: kendel ing saantawis dangunipun, lajeng katurunaken mangiwa, medal ing leng grana kanan ingkang alon, sampun ngantos kasesa, ambal kaping tiga. Kados makaten panariking napas, wekasanipun manawi sampun sareh, anarik napas malih: saking kiwa mubeng nengen, saking tengen mubeng mangiwa, kakumpulaken dados satunggal wonten ing puser, lajeng katarik manginggil leres ingkang sareh, kendel tinata wonten ing jaja, lajeng katarik manginggil malih ingkang alon, kendel tinata wonten ing sirah. Ingriku anggenipun cipta sarwi osik matrapaken panjenenganing DAT kita, kados makaten:
Ingsun tajalining DAT kang Maha Suci, kang amurba amisesa, kang kawasa ngandika “KUN”-“FAYAKUN” dadi saciptaningsun: ANA sasedyanipun, TEKA sakarsaningsun, metu saka kodrat-Ingsun.
Manawi sampun makaten, adat sanalika kemawon kayektosan ingkang dados tandanipun. Nunten panariking napas katurunaken medal ing leng grana kalih pisah, ingkang alon, sampun ngantos kasesa ing wekasan pasrah anelangsa dhateng DAT kita piyambak.
Menggah patraping panekungan punika, prayoginipun sageda kalam-pahan ing saben wulan sapisan. Botenipun, amung ing saben dinten Ijabah kemawon sampun ngantos katowongan. Sabab, ingriku wektuning ka-tarimah saliring panuwun, kados ingkang kapratelakaken ing ngandap punika:
1.    Wulan Muharam (Suro), ijabahipun tanggal kaping 9 kaliyan 10.
2.    Wulan Mulud, tanggal 12.
3.    Wulan Rejeb tanggal kaping 27.
4.    Wulan Ruwah tanggal kaping 15.
5.    Wulan Siyam (Pasa), tanggal kaping 21, 23, 25, 27, 29.
6.    Wulan Besar, tanggal kaping 8.
Sanesipun punika sami sepen tanpa dinten ijabah anjawi ijabahing wanci ing dalem sadinten sadalu kaping sekawan:
1.      Ing wanci serap surya,
2.      Ing wanci tengah dalu,
3.      Bangun enjing,
4.      Tengange leres.

XV
Pratelan wahananing DAT ingkang urut.

Ing mangke kapratelakaken urut-urutaning namanipun wahananing DAT ingkang sampun kasebut ingajeng sadaya wau, kados ing ngandap punika:
I.          Ingkang rumiyin: KAYU, tegesipun GESANG, dipun wastani KA-YUN, tegesipun PANGGESANGAN, dipun wastani malih HAYAT, tegesipun ANGGESANGI, dipun wastani malih KAYU DAIM, tegesipun GESANG KANG TETEP. Ananging sejatosipun inggih amung satunggal “KAYU” punika. Makaten ugi sasaminipun ingkang nama “daim” kadosta: Imam daim, salat daim,….punika sami dumunung ing dalem “KAYU DAIM” sadaya, tegesipun: TETEP wonten ing kahananing GESANG KITA pribadi.
II.          Ingkang kaping kalih: NUR, tegesipun CAHYA, punika sejatosipun ingggih amung satunggal, ananging dipun namani dados gangsal sesebutan:
*      NURIYAH, tegesipun: Cahya samar, warninipun cemeng (ireng).
*      NURANI, tegesipun: Cahya kekalih, inggih punika Cahya kaping kalih, warninipun abrit (abang).
*      NUR MAHDI, tegesipun: Cahya Sumirat, warninipun jenar (kuning).
*      NUR BUAT, tegesipun: Cahya santosa, warninipun ijem (ijo).
*      NUR MUHAMMAD, tegesipun: Cahya kang pinuji, warninipun petak (putih).
Menggah gambaripun sadaya punika, kasebut nama “NUR’ULLAH” tegesipun CAHYANING ALLAH.
III.          Ingkang kaping tiga SIR, tegesipun: RAHSA, punika sajatosipun inggih amung satunggal, ananging dipun namani dados nenem sesebutan.
1.    SIR: IBTADI, tegesipun RAHSA PURBA, inggih punika dados wahyaning asmaranala.
2.    SIR: KAHARRI, tegesipun: RAHSA WISESA, inggih punika dados wahyaning asmaratura.
3.    SIR: KAMALLI, tegesipun: RAHSA SAMPURNA, inggih punika dados wahyaning asmaraturida.
4.    SIR: AJI, tegesipun: RAHSA MULYA, inggih punika dados wahyaning asmaramada.
5.    SIR: HAKIKI, tegesipun: RAHSA SEJATI, inggih punika dados wahyaning asmaratantra.
6.    SIR: WAHDI, tegesipun: RAHSA TUNGGAL, dipun wastani SIR: GHAIB, inggih punika dados wahyaning asmaragama. Menggah garbanipun sadaya punika kasebut nama “SIR-’ULLAH”, tegesipun RAHSANING ALLAH.
IV.          Ingkang kaping sekawan ROH, tegesipun NYAWA utawi SUKSMA. Punika sejatosipun inggih amung satunggal, ananging dipun namani dados pitung sesebutan:
1.    ROH JASMANI, tegesipun: nyawaning jasad, inggih punika wewayanganing NYAWA ingkang anggesangaken anggotaning badan, dipun ibarataken Roh hewani tegesipun kaumpamekaken nyawa ingkang nggesangi sato kewan.
2.    ROH NABATI, tegesipun: nyawaning tumuwuh, inggih punika wewayanganing NYAWA, ingkang nuwuhaken wulu kuku sapa-nunggilanipun, tumanem dados gesanging Budi.
3.    ROH NAPSANI, tegesipun: nyawaning napsu, inggih punika wewayanganing NYAWA, ingkang anggesangaken hawaning napsu.
4.    ROH ROCHANI, tegesipun: NYAWANING SUKMA inggih punika wewayanganing NYAWA, ingkang nggesangaken warana-ning SUKMA.
5.    ROH RAHMANI, tegesipun: NYAWA KANG ASIPAT MU-RAH, dipun wastani ROH ROBANI, tegesipun NYAWANING PANGERAN, inggih punika wewayanganing NYAWA, ingkang nggesangaken kahananing RAHSA.
6.    ROH NURRANI, tegesipun: NYAWANING CAHYA, inggih punika wewayanganing NYAWA, ingkang nggesangaken waha-naning CAHYA.
7.    ROH ILAPI, tegesipun: NYAWA KANG WENING, dipun was-tani ROH KUDUS, tegesipun NYAWA, ingkang anggesangaken kahananing ATMA.
Menggah garbanipun sadaya punika kasebut nama ROH’ULLAH, tegesipun NYAWANING ALLAH.

Dene terangipun wewijanganing Roh punika, manawi karujukaken kaliyan wasiyatipun Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung, kala musyawaratan ngelmi, kadhawuhaken dhateng kiyai pangulu Amat Kategan, makaten pangandika dalem:
1.    Tandaning Roh iku nganakake getih.
2.    Tandaning Nyawa iku nganakake keketeg.
3.    Tandaning Jiwa nganakake napas.
4.    Tandaning Suskma nganakake rasaning jasad.

“Ananing Suksma iku ana pepangkatane dadi pitung warna”. Iki sawiji-wijine:
1.    Patemoning jasad lan napas, iku den arani Suksma Wahya, tegese: Suksma lahir.
2.    Patemoning napas lan budi, iku den arani Suksma Jatmika, tegese: Suksma batin.
3.    Patemoning budi lan napsu, iku den arani Suksma Lana, tegese: Suksma tetep.
4.    Patemoning napsu lan nyawa, iku den arani Suksma Mulya, tegese: Suksma mulus.
5.    Patemoning nyawa lan rahsa, iku den arani Suksma Jati, tegese: Suksma Nyata, den arani maneh: Suksma Rasa, tegese: Suksmani rahsa.
6.    Patemoning Rahsa lan Cahya, iku den arani Suksma wasesa, tegese: Suksma wenang.
7.    Patemoning CAHYA lan URIP, iku den arani SUKSMA KAWEKAS, tegese: Suksma wekasan.
Dene patemone kabeh mau dadi SUKSMA ADI LUWIH, tegese: Suksma utama. Yen kumpul, dadi RETNA INTEN JUMANTEN, iku ibarating Martabad Wahdad, Sampurna: dadi SOTYA-LUDIRA, iku ngibarating Martabat AKADIYAT, waluya dadi MANIK MAYA, gumilang tanpa wewayangan, tegese: bali dadi DAT-ing NUKAT GHAIB, mulih marang AJALI ABADI.
  
Wangsul amratelakaken uruting namanipun wahananing DAT.
V.          Ingkang kaping gangsal NAPSU, tegesipun angkara, punika seja-tosipun inggih amung satunggal, ananging dipun namani dados kawan sesebutan:
1.    Napsu Aluamah, tegesipun angangsa; darbe hawa murugaken dahaga arep, luwe, sapanunggilanipun. Wahananipun wonten ing waduk, wahyanipun saking lesan; kasebut dados ibarat kaha-naning manah ingkang asorot cemeng. Sampurnanipun narik leburing wulu kuku.
2.    Napsu Amarah, tegesipun sereng; darbe hawa murugaken angkara, panasten, deduka sapanunggilanipun. Wahananipun ing amperu. Wahyanipun saking karna kasebut dados ibarat kaha-naning manah ingkang asorot abrit. Sampurnanipun anarik leburing kulit arah.
3.    Napsu Supiyah, tegesipun: meles; dipun namani harda, tegesipun: adreng; darbe hawa murugaken murka, penginan, pakareman, kabingahan sapanunggilanipun. Wahananipun ing limpa, wahya-nipun saking netra; kaebut dados ngibarat kahananing manah ingkang asorot jenar. Sampurnanipun narik leburing daging otot.
4.    Napsu Mutmainah, tegesipun: jinem; darbe hawa murugaken loba dhateng kautamen punapa dene welas asih sapanunggil-anipun; terkadang ngantos keladuk kadosta: sumedya anglampahi tapa brata ingkang kelantur, boten mawi watawis. Wahananipun ing bebalung. Wahyanipun saking grana. Kasebut dados ibarat kahananing manah ingkang asorot petak. Sampurnanipun anarik leburing balung sungsum. Dene manawi kapatitisaken, witing Napsu punika saking utek; dumunung ing manah: dados Cipta; dumunung ing jantung: dados birahi. Wedalipun saking jantung lajeng dados nupus; katampen ing manah malih lajeng dados Anpas; anunggil lampahing erah lajeng dados Tanapas; angambah dhateng maras lajeng dados Napas; sumarambah ing jasad lajeng amedalaken suwara saking lesan. Pramila, sangkaning: Cipta birahi, nupus, anpas, tanapas, napas, suwara punika sami medal saking hawaning Napas sedaya.
VI.          Ingkang kaping nem: ‘AKAL, tegesipun: Budi. Punika sejatosipun inggih amung satunggal, ananging dipun namani dados gangsal sesebutan. Menawi kaetang dalah ingkang rangkep nama, dados pitung sesebutan, sami anartani dhateng ibarat namaning manah. Kadadosanipun anunggil sesebutan:
1.    Budi: Maknawi, inggih manah Maknawi, tegesipun wahyaning budi.
2.    Budi: Sanubari, inggih manah Sanubari, tegesipun wahananing budi.
3.    Budi: Suweda, inggih manah Suweda, tegesipun woding manah, dados ngibarat kahananing budi.
4.    Budi Puat, inggih manah Puat, tegesipun woding jejantung; dipun namani budi zaki utawi manah zaki tegesipun: manah suci; dados ngibarat Pramananing budi.
5.    Sudi Sierrie, inggih manah Sierri, tegesipun: Rahsaning manah; dipun wastani budi Sofi, utawi manah Sofi, tegesipun: manah wening, inggih ibarat pangraosing budi.
Dene manawi kapatitisaken pakartining Budi punika dipun wastani “Pancadriya”, tegesipun: manah gangsal, inggih punika pangawasa ingkang medal saking rahsani Budi. Peneranganipun dados tigang pangkat sami anggangsal pakarti:
1.    Dipun wastani Karmindriya, tegesipun: purbaning budi, kadosta: paningal, pamiyarsa, pangganda, pamiraos, pangraos.
2.    Dipun wastani Astendriya, tegesipun: antawising budi, kadosta: keketeg, napas, kedeping netra, raosing lidah, kenyaming lati.
3.    Dipun wastani Jayendriya, tegesipun: wasesaning budi, kadosta: raosing kulit, perji, dubur, asta, suku.

VII.          Ingkang kaping pitu: JASAD, tegesipun: badan wadhag; punika sejatosipun inggih amung satunggal, ananging dipun namani dados kalih sesebutan:
1.    Jasad Wadhag, tegesipun: badan kasar, kedadosan saking lebu, winastan jisim, ugi kawastanan jisim, ugi kawastanan badan jasmani.
2.    Jasad Latif, tegesipun: badan alus, winastan jisim latif, ugi kawastanan badan hewani.
Menggah saking janjinipun: badan wadhag kaliyan badan alus punika, boten kenging pisah sangkan paranipun, anunggil kahanan sejati, upami satu mungging rimbagan. Ananging wewangsulan: ing tembe badan wadhag punika luluh sampurna wonten salebeting badan alus, kalimputan dening Kayu Daim, tegesipun: gesang tetep dumunung ing kahanan kita pribadi. Mila dipun pralambangi: warangka manjing curiga, tegesipun: badan wadhag dumunung salebeting badan alus. Kala badan Wadhag taksih dados embanan, lambangipun: curiga manjing warangka, teges-ipun: badan alus taksih dumunung salebeting badan wadhag.
Dene pratikelipun angluluh badan wadhag wau, saking wasiyat dalem ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana kapisan, kenging kalanteh anglampahi tapa brata kados ing ngandap punika:
1.    Sesuci, teresipun taberi siram enjing.
2.    Angirang-ngirangi dhahar, tegesipun: adahara namung manawi kraos luwe. 
3.    Angirang-ngirangi ngunjuk, tegesipun: angunjuka namung ma-nawi sanget kasaten.
4.    Angirang-ngirangi sare, tegesipun: asarea manawi sanget karipan.
5.    Angawis-awisi ngandika, tegesipun ngendikaa manawi ngangge mangsa kala.
6.    Anyunyuda sahwat, tegesipun: sahwata kaliyan garwa manawi sanget kangen.
7.    Ambirata napsu, tegesipun: sampun ngantos ngumbar hawa, anga-gem budi trita, lila, legawa, temen, utami.
Angger saged kelampahan makaten, manawi boten kawistara sarta dumunung ingasepen, inggih walla hu ‘alam katarimahipun.
Dene manawi badhe waskita dununging ngasepen punika, sakaliring rupa kita, kapasrahan dhateng kang darbe rupa; saliring suwara kita kaantukna dhateng kang darbe suwara. Paningal kita, pamiyarsa kita, pangganda kita, pangraos kita, pamiraos kita, sami kawangsulna dhateng sangkanipun piyambak. Menggah patrapipun: anyidikaken eninging rahsa, angawasaken eninging pancadriya. Tegesipun angendelaken saniskara-ning ngagesang sadaya. Ing sanalika ngengkoki dados Tajalining Gusti kang Maha Suci sejati, Kang Murba Amisesa, kang kuwasa andadosaken sawarnining “asya’ sadaya. Manawi sampun saged makaten, inggih punika salat daim, ingkang dipun wastani sejatining salat. Bebasan: salat ngiras nyambut damel, anglampahi padamelan kasambi salat: lenggah sarwi lumampah; lumampah kaliyan andeprok; lumajeng salebeting kendel; ambisu kaliyan cariyos; kesah sarwi tilem, tilem kaliyan melek, kados makaten ngibaratipun. Sebab hakekatipun salat daim punika: adegipun inggih jumenenging gesang kita; rukukipun inggih paningal kita; iktidalipun inggih pamiyarsa kita; sujudipun inggih pangganda kita; wewaosanipun ayatipun inggih pamiraos kita; lenggahipun inggih teteping iman kita; cahyanipun inggih manteping tauhid kita; salamipun inggih makrifat Islam kita; pepujinipun inggih panjing wijiling napas kita; ing nalika manjing mungel: “Hu” wedalipun mungel “Allah”. Dikiripun inggih awas emut kita; keblatipun inggih madep dhateng ening kita. Sampun uwas sumelang malih. Mila makaten jumenengipun DAT, SIPAT, ASMA, APNGAL kita punika sampun dados Qur’an sejati, amratandani sejatining salat sadaya; dipun wastani salat daim. Manawi Iftitahipun salat daim punika makaten:
Niyat-Ingsun salat daim, kanggo ing salawase urip-Ingsun; adege iya urip-Ingsun, ruku’e iya paningal-Ingsun; iktidale iya pamiyarsanipun; sujude iya pangambuningsun; wewacaning ayat iya manteping tauhid-Ingsun; salame; makrifat-Islam-Ingsun; keblate iya madep marang eneng-ening-Ingsun; Perlu nglakoni wajib saka kodrat-iradat-Ingsun dewe”. Lajeng pasrah nalangsa dhateng DAT-ing GESANG kita pribadi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Wedhatama Winardi

P a n g k u r 1.        Mingkar mingkuring angkara, akarana karenan mardi siwi, Sina-wung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kr...